Rabu, 09 Januari 2013

Mc bahasa jawa


Mc bahasa jawa

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله الواحد العدل القديم. وصلى الله على صَفْوَتِه محمد وآله المُنْتَخَبِين. وعليه
وعليهم السلام أجمعين. أما بعد

Wonten pengarsanipun ustadzh maftuhah ingkang kito antu-antu barokah serto ilmunipun……..
Ingkan kawulo hormati, sedoyo ketua kelas ingwedal meniko wonten ing ruang mriki ……. Ingkang kita antu-antu suri tauladanipun.
Serto  rencang-rencang ingkang kawulo banggaaken.
Alhamdulillah……….. monggo sesarenagn kito anjuaken raos syukur kito dumateng ilahi robbi. Kanthi waosan hamdalah, alhamdulillahirobbil’alamin Ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo sihinggo kito saget makempal wonten ing wekdal meniko kanthi mboten minggahi aral satunggal punopo punopo kemawon. Amin allahumma amin.
Sholawat  soho salam ….mugi kantur kunjuk, dating junjungan kitho Nabi Muhammad SAW  ingkang sampun mbetho umatipun awit zaman jahiliyah dumugi zaman nuroniyah meniko, milo kanthi wujud raos mahabbah kito, kitho ikraraken kanti waosan Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad.
Allah subhanahu wataala ngutus kanjeng  nabi Muhammad saw anggene mbetho risalah saking  allah swt dating sedoyo umat wonten ndonyo.  Allah ngendiko wonten ing alquran انما بعثتت لاتمّم مكارم الاخلاق

Poro rawuh ingkang kawulo hormati…..
Kawulo ing mriki aminangkani pambagyo wekdal badhe amaosaken ramtamaning adiwicoro ingkang wekdal meniko.
Adicoro ingkang sepindah, pembikaan
Kalajengaken adicoro nomor kaleh, waosan ayat suci Alquran
Ndungkap adicoro ingkang nomor tigo, waosan kalimat toyyibah
Adicoro nomor sekawan inggih meniko mau’idhoh hasanah
Penutup soho do’a aminangkani adicoro ingkang nomor gangsal
Mekanten toto rakitaning adicoro wonten ing wekdal meniko…..amargi wekdal sampun sak wutawis ndalu, moggo kito bika’ acoro meniko kanthi waosan ummul kitab. Mugi-mugi kanthi waosan ummul kitab sak mangkeh, andadosaken lancaripun adicoro wonten ing wekdal meniko soho pikantuk ridhonipun Allah swt ala hadzihinniyah alfatihah…
Matursuwun.
Kito terasaken adicoro  ingkang nomor kalih, waosan ayat suci Alquran ingkang  badhe dipun waos, deneng sederek……. Dumateng sederek ……..wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken…
Matur suwun dumateng sederek …….mugi-mugi kanthi waosan ayat suci kolo nembe, saget nambahi iman kito khususipun ingkang maos.
Adicoro ingkang nomor tigo inggih meniko waosan kalimah toyyibah ingkang badhe dipun pimpin deneng sederek…………..dumatenng sederek……….wekdal soho panggenan kawulo aturaken…
Matur suwun,
Kito terasaken adicoro ingkang nomor sekawan, mau’idhoh hasanah saking sederek, dumateng sederek ……..wekdal soho panggenan kawulo aturaken sak cekapipun.
Matursuwun kawulo aturaken …..mugi-mugi punopo ingkang sampun dingindikaaken kolo wau saget kito amalaken,…..amin…amin,…amin
Poro rawuh ingkang kawulo hormati…
Adhicoro khitobah meniko sampun paripurno, ananging sak derengenipun adicoro meniko kito pungkasi, kawulo ing mriki ing mbok bilih anggenipun maosaken acoro meniko wiwit awal dumugi akhir, katah klenta-klentu nipun kirang trapsilonipun kawulo nyuwun lumunturing samudro panget sami dumateng panjenengan sedoyo..
Cekap semanten saking kawulo, …………
فَمِنِّى بالاعْتِذار, ومنكم بالاعْذار
والسلام عليكم ورحمةالله وبركاته!



Tidak ada komentar:

Posting Komentar